Langsung ke konten utama

SERAT WEDHATAMA: WEWARAH LUHUNG KGPAA MANGKUNEGARA IV

Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang uga sesilih Raden Mas (RM) Sudira salah sawijine nata ing Praja Mangkunegaran (1853-1881 Masehi). Salawase ngendhaleni peprentahan ing Praja Mangkunegaran, dheweke banget anggone migatekake marang kasusastran Jawa. Mula saka iku, dheweke karsa nganggit Serat Wedhatama.

Menawa digatekake kanthi permati, Serat Wedhatama ora mung gawe sengseme ati natkala kakidungake, nanging uga ngemu makna kang migunani tumrap manungsa ing jagad rame. Amarga Serat Wedhatama ngemu wewarah luhung ing babagan ngelmu lan kawruh kang dadi sangune urip. Ngelmu kang jalari manungsa bakal wicaksana sajrone nglakoni urip.

Babaran Ilmu ing Serat Wedhatama

Lelantaran Serat Wedhatama, KGPAA Mangkunegara IV asung wewarah marang sadengah manungsa kang wajib ngupadi ngelmu lan kawruh. Krana kekarone iku bisa dadi sangune urip.

Kejaba dadi sanguine urip, ngelmu lan kawruh bisa dadi sanjata rikala manungsa ngadhepi pancabaya ing samadyane marga. Kekarone bisa ngangkat drajade manungsa. Bisa aweh katentremane pikir lan rasa. Bisa dadi srana mangerteni jati dhirine kang wajib manunggal marang karsane Gusti.

Tanpa ngelmu lan kawruh, manungsa bakal ora mangerti kiblat – endi wetan, kidul, kulon, sartane lor. Saengga manungsa kang kadya kesasar ing sajrone alas gung liwang-liwung kinemulan pedhut iku mokal bakal mangerti parane urip. Manungsa uga ora bisa bedake endi kang sinebut penjalin lan endi kang sinebut oyot. Endi kang sinebut emas endi kang sinebut kuningan. Cekake atur, manungsa bakal ora mangerti endi kang sejati lan endi kang palsu.

Panemu menawa ngelmu lan kawruh dadi sanjatane urip iki linandhesan marang dongeng kancil. Senajan kancil iku kewan cilik sajrone alas gung, nanging duweni ngelmu lan kawruh kang mumpuni. Amarga duweni kekarone, sato wana kasebut tansah uwal saka bebaya kang diadhepi. Kalis saka krangkenge Pak Tani. Uwal saka tutuke baya.

Ngelmu lan kawruh bisa ngangkat drajate manungsa. Ing jagad pakeliran Jawa, panemu iki duweni sesambungan karo lakon uripe Dewi Sukesi. Sakawit, Sukesi awujud raseksi. Sawuse antuk wejangan ilmu Sastra Jendra Pangruwating Diyu saka Begawan Wisrawa gurune, Sukesi malih dadi putri kang endah sulistyaning warni pindha widadari tumurun ing mercapada.

Kejaba saka iku, manungsa kang duweni ngelmu lan kawruh bakal bisa ngangkat kelas sosial-e. Contone, akeh pawongan saka kalangan sudra kang wus buntas ngelmu lan kawruhe dadi pangarsane bangsa lan nagara, menteri, insinyur, dokter, lan sapiturute.

Ngelmu lan kawruh nentremake pikir lan rasa. Manungsa kang kasinungan kekarone bisa duweni pikir jenjem lan rasa tentrem. Ora grusah-grusuh tandange. Sakalire panjangka bakal kasembadan. Kejaba bisa ngentasi karya, manungsa kasebut uga bisa  ngudhari sawernaning perkara.

Ngelmu lan kawruh sejati kanggo mangerteni jati dhiri. Tegese, ngelmu lan kawruh kasebut ora kanggo gawe wuleting kulit, atosing balung, sarta pangeram-eram. Nanging kekarone bisa dipigunakake kanggo nglandhepke pikir lan rasa pangrasa. Saengga kanthi kekarone, manungsa bisa mangerteni jati dhiri lan sangkan parane urip kang kudu manunggal marang karsane Gusti. Menawa bisa ngamalake kekarone, manungsa kaanggep sampurna uripe.

Kejaba iku, KGPAA Mangkunegara IV lelantaran Serat Wedhatama asung pepeling menawa ngupadi ilmu ora kudu marang pawongan kang luwih tuwa yuswane utawa kang sugih bandha donya. Nanging, marang guru kang nguwasani ngelmu lan kawruh sejati kang bakal kagayuh. Contone: sapa wae kang kepengin ngudi ngelmu lan kawruh filsafat kudu beguru marang filsuf (dosen filsafat), kang kepengin ngudi ngelmu lan kawruh agama kudu beguru marang rohaniwan (ahli agama), kang kepengin ngudi ngelmu lan kawruh matematika kudu beguru marang dosen matematika (ahli matematika), lan sapiturute.

Cathetan Pamungkas

Apa kang diwejangake dening KGPAA Mangkunegara IV kang sinerat sajrone Serat Wedhatama kasebut kaajab bisa dadi sangu lan gegamane manungsa kang kepengin ancas-tujuane kagayuh kanthi slamet. Gegaman kang jalari manungsa bisa urip tentrem lan mengerteni jati dhirine.

Menawa keslametan, katentreman, sarta jati dhiri kasebut wus kagayuh kanthi sampurna; manungsa bakal kinaranan mustikane jalma kang tansah sinuyutan ing madyane bebrayan agung. Kejaba iku, manungsa kasebut bakal ditresnani dening Gusti-ne. Maha Raja Kang Nguwasani Jagad Raya. (Sri Wintala Achmad)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CERITA RAKYAT | SERIAL WILWATIKTA | PLETHEKE SURYA WILWATIKTA #1

MENDHUNG angendanu ing langit Gelanggelang. Hawa kang panas rinasa manggang sarandhune badane para kawula sadhuwure geni pancala. Engga wong-wong kang adus riwe wus krasa manggon sajrone naraka jahanam. Saka esuk tumekeng sore, wong-wong kang ora adus karana sumber-sumber kasatan banyu ing mangsa ketiga dawa iku mung donga, “Gusti, mugi Paduka paring jawah…!” Gludhug gemleger ing angkasa. Bareng angin gedhe saka kulon kang nyapu mendhung, udan sumuntak ing bantala. Wong-wong kang jejingkrakan batine karana rasa suka iku sanalika metu ing latar. Kejaba wong-wong tuwa, nom-noman lan bocah-bocah adus banyu udan. Ora pantara suwe, sarandhune badane wong-wong kuwi rinasa siniram banyu sewindu lawase. Saka sore tumekeng wengi, wong-wong kang ngrasake awake seger wis turu kepati. Nanging, ana sawiine titahe Gusti kang ora bisa turu. Sapa ta dheke? Tan liya Adipati Jayakatwang. Panguwasa Gelanggelang kang dadi andhahan utawa besane Prabu Kertanagara, raja gung Singasari.   “Wanci sam...

SENI-BUDAYA | NILAI EDUKATIF DALAM LELAGON KARYA PARA SUNAN

DALAM menangkap nilai-nilai kearifan orang Jawa melalui lelagon, kita perlu memahami lambang-lambang yang disematkan pada syairnya. Tanpa mengetahuinya, kita tidak akan mampu mendedah nilai-nilai kearifan itu sendiri. Bahkan lelagon itu sendiri merefleksikan kearifan orang Jawa di dalam menyampaikan pesan dengan cara ketimuran. Lembut dan bijaksana. Beberapa contoh lelagon Jawa yang mengandung ajaran-ajaran kearifan tersebut, antara lain: Tamba Ati karya Sunan Bonang, Padhang Bulan karya Sunan Giri, dan Ilir-Ilir karya Sunan Kalijaga. Tamba Ati Tamba Ati adalah karya Sunan Bonang (Syekh Maulana Makhdum Ibrahim) yang merupakan putra Sunan Ampel (Sayyid Ali Rahmatullah) dengan Dewi Candrawati (Nyai Ageng Manila). Syair dari lelagon Tamba Ati yang mengandung ajaran kearifan dan masih sering terdengar di telinga kita sampai sekarang terbaca sebagai berikut: Tamba ati iku lima perkarane, kaping pisan maca Qur’an samaknane, kaping pindho sholat wengi lakonana, kaping telu wong kang sol...

TRADISI SURAN DI MATA MASYARAKAT JAWA

Sangat memrihatinkan dengan banyaknya tradisi Jawa yang terkikis oleh arus bah modernisasi. Sebagai misal tradisi jagongan kelahiran seorang bayi yang diwarnai dengan gelar macapatan, tradisi resepsi pernikahan Jawa, tradisi ruwatan untuk anak sukerta yang diselenggarakan dengan pertunjukan wayang kulit, tradisi wiwitan sebelum petik padi, atau tradisi gejok lesung sewaktu terjadi gerhana bulan sudah semakin sulit untuk disaksikan di lingkungan masyarakat Jawa sendiri. Banyaknya tradisi Jawa yang terkikis karena semakin menguatnya pengaruh modernisasi tersebut tidak dapat lepas dari sikap masyarakat Jawa sendiri. Sikap yang sangat permisif terhadap budaya modern tanpa berupaya memertahankan budayanya. Akibatnya banyak orang muda yang tidak mengenal budaya tradisi tersebut kemudian mengklaimnya sebagai budaya kuna dan sudah ketinggalan zaman. Sebaliknya mereka lebih menggandrungi budaya modern (baca: budaya barat) yang hanya dapat disentuh sebatas kulitnya saja. Realitas banyaknya tradi...