Langsung ke konten utama

CERITA RAKYAT | SERIAL WILWATIKTA | PLETHEKE SURYA WILWATIKTA #1



MENDHUNG angendanu ing langit Gelanggelang. Hawa kang panas rinasa manggang sarandhune badane para kawula sadhuwure geni pancala. Engga wong-wong kang adus riwe wus krasa manggon sajrone naraka jahanam. Saka esuk tumekeng sore, wong-wong kang ora adus karana sumber-sumber kasatan banyu ing mangsa ketiga dawa iku mung donga, “Gusti, mugi Paduka paring jawah…!”

Gludhug gemleger ing angkasa. Bareng angin gedhe saka kulon kang nyapu mendhung, udan sumuntak ing bantala. Wong-wong kang jejingkrakan batine karana rasa suka iku sanalika metu ing latar. Kejaba wong-wong tuwa, nom-noman lan bocah-bocah adus banyu udan. Ora pantara suwe, sarandhune badane wong-wong kuwi rinasa siniram banyu sewindu lawase.

Saka sore tumekeng wengi, wong-wong kang ngrasake awake seger wis turu kepati. Nanging, ana sawiine titahe Gusti kang ora bisa turu. Sapa ta dheke? Tan liya Adipati Jayakatwang. Panguwasa Gelanggelang kang dadi andhahan utawa besane Prabu Kertanagara, raja gung Singasari.  

“Wanci sampun dalu, Kangmas. Kenging punapa dereng nendra?” pitakone Hurukbali marang Jayatkawang garwane kang lungguh semendhe tembok sadhuwure kasur babut sajrone ruwang kanendran. “Kadosipun Kangmas saweg menggalih awrat. Punapa ingkang dipunpenggalihaken?”

“Ehm….” Adipati Jayakatwang mandheg mangu anggone arep nyritake apa kang ngreridhu pikirane. “Durung titi wancine aku crita marang Diajeng apa kang ngreridhu pikiranku. Luwih prayoga sarea dhisik! Aku pengin sapejagong klawan Siwa Patih Kebo Mundarang. Ana perkara kang kudu ndakrembug.”

“Perkawis punapa?”

“Iki perkara Gelanggelang. Dudu perkara kaluwarga.”

“Nggih sampun, Kangmas.” Hurukbali katon kuciwa. “Sumangga menawi Kangmas Adipati badhe pirembagan kalihan Siwa Patih.”

Adipati Jayakatwang ninggalke ruwang paturon. Ing pendhapa, adipati Gelanggelang iku ngawe sawijine prajurit Jaran Guyang kang lagi rondha. Marang bocah prajurit iku, dheweke jaluk sowane Kebo Mundarang. Ora pantara suwe, patih Gelanggelang iku ngadhep marang sang adipati.

“Nyuwun gung sih pangapunten, Gusti Adipati.” Patih Kebo Mundarang kang lagi lungguh ing watu kubus kaukir satengene Adipati Jayakatwang iku ambuka wicara. “Wonten dhawuh punapa Gusti Adipati nimbali ingkang abdi?”

“Ora ana dhawuh, nanging….”

“Namung punapa, Kangjeng?”

“Mangertiya! Sore mau aku nampa tekane Kangmas Wirondaya. Saka dheweke, aku nampa nawala kang kaserat dening ramane dhewe. Siwa Adipati Aria Wiraraja.” Adipati Jayakatwang meneng sawetara. “Siwa Adipati Sungeneb nyengkuyung menawa Gelanggelang ngrabasa Singsari. Menawa kasil neluke Singasari, aku bisa dadeke Gelanggelang dadi praja mardika kaya duk rikala Daha kaprentah Eyang Sri Samarawijaya tumekeng Eyang Sri Kertajaya….”

“Namung, Kangjeng. Panjurungipun Adipati Wiraraja punika kedah dipuntaliti rumiyin kanthi permati. Ingkang abdi nguwatosaken menawi panjurungipun Adipati Sungeneb punika linambaran raos gerahipun manah. Awit piyambakipun dipuntebihaken saking perkawis politik Singasari. Kanthi piyambakipun kajumenengaken adipadi wonten Sungeneb.”

“Aku ngerti perkara kuwi. Nanging kang kudu mbokngerteni, Siwa Patih. Siwa Wiraraja ngendika menawa Singasari saiki mung kareksa macan ompong. Karana akeh wadyabala Singhasari dibudhalke Kangmas Prabu Kertanagara saperlu nelukake krajan-krajan ing Jawa dalah Melayu. Natkala Singasari ora duweni kekuwatan, aku sarujuk marang panjurunge Siwa Adipati saperlu ngrabasa Singasari. Kanthi mengkono, aku bisa mikul dhuwur mendhem jero marang para leluwurku kang wus reraton ing alam kelanggengan.”

Patih Kebo Mundarang kang ora sarujuk marang pangangkahe Adipati Jayakatwang saperlu ngrabasa Singasari kang bakal dadekake perang sedulur iku matur aris. “Menawi dhahar aturipun ingkang abdi, Kangjeng Adipati boten sisah ngrabasa Singasari! Amargi samangke, dhampar Singhasari badhe dipunlenggahi putra Kangjeng Adipati inggih Dyah Ardharaja. Ngengeti Sinuwun Prabu Kertanagara boten gadhah putra kakung. Ateges putra Kangjeng Adipati ingkang garwa putri bajengipun Sinuwun Prabu Kertanagara ingkang badhe jumeneng nata Singasari. Kanthi menika trah Daha badhe nguwaosi malih tanah Jawa.”

“Aja waton matur, Siwa Patih! Ning matura nganggo wewaton. Aturmu kuwi mung lelandhesan panduga kang durung mesthi ana nyatane.” Adipati Jayakatwang ngendika manda sora. “Apa kowe lali menawa Kangmas Prabu Kertanagara duweni putra mantu liya? Tan ana liya, Angger Wijaya. Mokal menawa ing tembe putraku Ardharaja bakal nyekel panguwasa Singasari. Karana Angger Wijaya luwih ketengen Kangmas Kertanagara tinimbang putraku.”

Natkala Patih Kebo Mundarang bakal matur maneh marang Adipati Jayakatwang, kesaru sowane lurah prajurit Jaran Guyang – Kuda Wanenglaga. Marang Jayakatwang, lurah prajurit iku matur menawa Dyah Ardharaja tedhak ing kadipaten tanpa kanca.

“Aturana putraku Ardharaja lumebu ing pendhapa!” prentah Adipati Jayakatwang marang Kuda Wanenglaga. “Kandhakna marang putraku menawa aku pengin sapejagong kalawan dheweke!”

“Sendika, Kangjeng Adipati.”

Sapungkure Kuda Wanenglaga, swasana pendhapa Kadipaten Gelanggelang dumadakan sepi. Tan ana tembung kang kumecap saka lathine Jayakatwang dalah Kebo Mundarang. Sajrone batin, sakloron pengageng Gelanggelang iku tuwuh patakonan. “Ana wigati apa Ardharaja tedhak ing Gelanggelang?” (Bersambung)

Crita Rakyat Pletheke Surya Wilwatikta anggitane Sri Wintala Achmad iki wus kapacak ing majalah basa Jawa Jayabaya taun 2023.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

SENI-BUDAYA | NILAI EDUKATIF DALAM LELAGON KARYA PARA SUNAN

DALAM menangkap nilai-nilai kearifan orang Jawa melalui lelagon, kita perlu memahami lambang-lambang yang disematkan pada syairnya. Tanpa mengetahuinya, kita tidak akan mampu mendedah nilai-nilai kearifan itu sendiri. Bahkan lelagon itu sendiri merefleksikan kearifan orang Jawa di dalam menyampaikan pesan dengan cara ketimuran. Lembut dan bijaksana. Beberapa contoh lelagon Jawa yang mengandung ajaran-ajaran kearifan tersebut, antara lain: Tamba Ati karya Sunan Bonang, Padhang Bulan karya Sunan Giri, dan Ilir-Ilir karya Sunan Kalijaga. Tamba Ati Tamba Ati adalah karya Sunan Bonang (Syekh Maulana Makhdum Ibrahim) yang merupakan putra Sunan Ampel (Sayyid Ali Rahmatullah) dengan Dewi Candrawati (Nyai Ageng Manila). Syair dari lelagon Tamba Ati yang mengandung ajaran kearifan dan masih sering terdengar di telinga kita sampai sekarang terbaca sebagai berikut: Tamba ati iku lima perkarane, kaping pisan maca Qur’an samaknane, kaping pindho sholat wengi lakonana, kaping telu wong kang sol...

TRADISI SURAN DI MATA MASYARAKAT JAWA

Sangat memrihatinkan dengan banyaknya tradisi Jawa yang terkikis oleh arus bah modernisasi. Sebagai misal tradisi jagongan kelahiran seorang bayi yang diwarnai dengan gelar macapatan, tradisi resepsi pernikahan Jawa, tradisi ruwatan untuk anak sukerta yang diselenggarakan dengan pertunjukan wayang kulit, tradisi wiwitan sebelum petik padi, atau tradisi gejok lesung sewaktu terjadi gerhana bulan sudah semakin sulit untuk disaksikan di lingkungan masyarakat Jawa sendiri. Banyaknya tradisi Jawa yang terkikis karena semakin menguatnya pengaruh modernisasi tersebut tidak dapat lepas dari sikap masyarakat Jawa sendiri. Sikap yang sangat permisif terhadap budaya modern tanpa berupaya memertahankan budayanya. Akibatnya banyak orang muda yang tidak mengenal budaya tradisi tersebut kemudian mengklaimnya sebagai budaya kuna dan sudah ketinggalan zaman. Sebaliknya mereka lebih menggandrungi budaya modern (baca: budaya barat) yang hanya dapat disentuh sebatas kulitnya saja. Realitas banyaknya tradi...