Langsung ke konten utama

SITUS | GUNUNG GAMPING, SITUS KUNA KANG WUS ANA 40 YUTA TAUN KEPUNGKUR

 


Pangeran Mangkubumi kang asring kasebut Raden Mas Sujayana, Sunan Kabanaran, utawa Sri Sultan Hamengkubuwana I iku, putrane Sri Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa (Sunan Amangkurat IV) saka Kasunanan Kartasura. Mula saka iku, Pangeran Mangkubumi isih sedulur tunggal rama klawan Sunan Pakubuwana II (raja Kasunanan Kartasura pungkasan utawa raja Kasunanan Surakarta I) kalawan Pangeran Mangkunegara I kang peputra Raden Mas Said (Pangeran Sambernyawa).

Natkala timbul Perang Suksesi Jawa III (1747-1757 Masehi), Pangeran Mangkubumi kang sinengkuyung dening Raden Mas Said memungsuhan kulawan Sunan Pakubuwana II kang kabyantu dening Kumpeni. Memungsuhan kang timbul krana Pakubuwana II cidra ing janji marang Pangeram Mangkubumi iku paripurna sawuse Perjanjen Palihan Nagari taun 1757 (Babad Giyanti).

Natkala nindake perang, Pangeran Mangkubumi dumunung saka papan siji tumujweng papan liyane. Salah sawijine papan kang kapigunake dening Pangeran Mangkubumi kanggo pesanggrahan yaiku ing Gunung Gamping. Sawiji papan kang manggon ing Kapanewon Ambarketawang, Gamping, Sleman, Yogyakarta.

Situs Gunung Gamping

Menawa nyaritake sejarah perange Pangeran Mangkubumi tan bisa pinisahake kalawan Situs Gunung Gamping. Karana sacedhake situs kasebut, ana pesanggrahane Pangeran Mangkubumi kalawan para pendhereke. Panemu iki kasebut sajrone Babad Giyanti. Naskah kuna anggitane Raden Ngabehi Yasadipura kang diterbitke dening Namlose Penutsekap Budi Utama ing Surakarta (taun Je: 1846 utawa 1916 M).

Gunung Gamping uga duwe gegayutan kalawan sejarah adeging Kraton Kesultanan Yogyakarta klawan Beteng Vredeburg. Karana Gunung Gamping kang sekawit awujud pegunungan kapur kapigunake gampinge kanggo bangun kraton sartane beteng kasebut.

Kejaba saka kuwi, Gunung Gamping uga kakedhuk gampinge kanggo mutihake gula pair dening 19 pabrik gula ing jaman semana. Mula saka iku ora mokal menawa Gunung Gamping kang tansah dijupuki gampinge iku saiki mung kari petilasan. Dhuwure kurang luwih mung 10 meter.         

Miturut para winasis, Gunung Gamping wis ana 40 yuta warsa kapungkur. Panemu kasebut dibukteke dening fosil-fosil laut kang wis nyawiji kalawan Gunung Gamping. Ana teori kang mratelake menawa gunung kasebut timbul sawus gesere lempeng Australia lan lempeng Eurasia.

Gunung Gamping lan Ki Wirasuta

Kejaba duwe gegayutan kalawan adeging Kraton Kesultanan Yogyakarta dalah Beteng Vredeburg, situs Gunung Gamping uga ana sambungrapete klawan crita tutur Ki Wirasuta. Pendhereke Pangeran Mangkubumi kang tiwas bebarengan bojo lan kaluwargane karana kejugrugan Gunung Gamping.

Tiwase Ki Wirasuta kang saben sasi Sapar dipengeti kanthi Upacara Tradisi Bekakak ing Kapanewon Gamping iku isih ana sajrone pengelinge warga. Senajan tiwas ing Gunung Gamping, ana saperangan warga percaya menawa Wirasuta manggon ing Gunung Puthuk, Balecatur, Gamping, Sleman, Yogyakarta.

Saperangan warga uga percaya menawa Ki Wirasuta duwe klangenan Dara Muluk. Saben bakal ana bebaya, Dara Muluk iku aweh pepeling marang warga Balecatur kanthi suwara sawangan ngingking wayah wengi ing angkasa. Anehe. Senajan krungu sawangane, nanging warga ora bisaa deleng wujude Dara Muluk.

Miturut warga menawa sadurung dumadine Gempa Bantul 2006, keprungu suwara sawangane Dara Muluk ing wayah wengi. Nanging sabadane prastawa iku, crita kang magepokan kalawan Dara Muluk kaya ilang tanpa lari. Bareng ilange crita kang gegayutan kalawan swara drum band gaib kang sumbere saka kreteg Kali Duren kang ana satengahe dhusun Gejawan lan Kalimanjung. 

Cathetan Pamungkas

Akeh crita kang magepokan kalawan Situs Gunung Gamping. Ora mung crita tutur, nanging uga crita sejarah kang sesambungan kalawan Pangeran Mangkubumi. Mula saka kuwi, situs kang tan beda kitab gumelar kasebut pantes dijaga kelestariane. Lingkungan situs uga tansah dijaga murih resik engga sinawang asri. 

Ngelingi dadi situs kang ngemot crita tutur lan sejarah; Gunung Gamping pantes menawa dadi tujuan study tour dening para siswa, mahasiswa, para sejarawan, sarta masarakat umum. Supaya situs kasebut tansah lestari lan asri; instansi pemerintah kayata Dinas Pariwisata dalah Dinas Kebudayaan tansaha nyawiji anggone asung kawigaten nyata.

Kanthi kawigaten kang nyata; situs Gunung Gamping ora mung rame ditekani dening masarakat natkala Upacara Tradisi Bekakak, nanging uga ing saben dina prei. Menawa Situs Gunung Gamping kasil dadi tujuan wisata kang rame, ekonomi warga kang manggon ing sakiwa-tengene situs kasebut bakal ngalami kemajuan. (Sri Wintala Achmad, panyerat buku sejarah dan budaya Jawa, manggon ing Yogyakarta)

 

Sumber:

Achmad, Sri Wintala. 2016. Babad Giyanti: Palihan Nagari dan Perjanjian Salatiga, Araska Publisher, Yogyakarta.

https://www.merdeka.com     

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CERITA RAKYAT | SERIAL WILWATIKTA | PLETHEKE SURYA WILWATIKTA #1

MENDHUNG angendanu ing langit Gelanggelang. Hawa kang panas rinasa manggang sarandhune badane para kawula sadhuwure geni pancala. Engga wong-wong kang adus riwe wus krasa manggon sajrone naraka jahanam. Saka esuk tumekeng sore, wong-wong kang ora adus karana sumber-sumber kasatan banyu ing mangsa ketiga dawa iku mung donga, “Gusti, mugi Paduka paring jawah…!” Gludhug gemleger ing angkasa. Bareng angin gedhe saka kulon kang nyapu mendhung, udan sumuntak ing bantala. Wong-wong kang jejingkrakan batine karana rasa suka iku sanalika metu ing latar. Kejaba wong-wong tuwa, nom-noman lan bocah-bocah adus banyu udan. Ora pantara suwe, sarandhune badane wong-wong kuwi rinasa siniram banyu sewindu lawase. Saka sore tumekeng wengi, wong-wong kang ngrasake awake seger wis turu kepati. Nanging, ana sawiine titahe Gusti kang ora bisa turu. Sapa ta dheke? Tan liya Adipati Jayakatwang. Panguwasa Gelanggelang kang dadi andhahan utawa besane Prabu Kertanagara, raja gung Singasari.   “Wanci sam...

SENI-BUDAYA | NILAI EDUKATIF DALAM LELAGON KARYA PARA SUNAN

DALAM menangkap nilai-nilai kearifan orang Jawa melalui lelagon, kita perlu memahami lambang-lambang yang disematkan pada syairnya. Tanpa mengetahuinya, kita tidak akan mampu mendedah nilai-nilai kearifan itu sendiri. Bahkan lelagon itu sendiri merefleksikan kearifan orang Jawa di dalam menyampaikan pesan dengan cara ketimuran. Lembut dan bijaksana. Beberapa contoh lelagon Jawa yang mengandung ajaran-ajaran kearifan tersebut, antara lain: Tamba Ati karya Sunan Bonang, Padhang Bulan karya Sunan Giri, dan Ilir-Ilir karya Sunan Kalijaga. Tamba Ati Tamba Ati adalah karya Sunan Bonang (Syekh Maulana Makhdum Ibrahim) yang merupakan putra Sunan Ampel (Sayyid Ali Rahmatullah) dengan Dewi Candrawati (Nyai Ageng Manila). Syair dari lelagon Tamba Ati yang mengandung ajaran kearifan dan masih sering terdengar di telinga kita sampai sekarang terbaca sebagai berikut: Tamba ati iku lima perkarane, kaping pisan maca Qur’an samaknane, kaping pindho sholat wengi lakonana, kaping telu wong kang sol...

TRADISI SURAN DI MATA MASYARAKAT JAWA

Sangat memrihatinkan dengan banyaknya tradisi Jawa yang terkikis oleh arus bah modernisasi. Sebagai misal tradisi jagongan kelahiran seorang bayi yang diwarnai dengan gelar macapatan, tradisi resepsi pernikahan Jawa, tradisi ruwatan untuk anak sukerta yang diselenggarakan dengan pertunjukan wayang kulit, tradisi wiwitan sebelum petik padi, atau tradisi gejok lesung sewaktu terjadi gerhana bulan sudah semakin sulit untuk disaksikan di lingkungan masyarakat Jawa sendiri. Banyaknya tradisi Jawa yang terkikis karena semakin menguatnya pengaruh modernisasi tersebut tidak dapat lepas dari sikap masyarakat Jawa sendiri. Sikap yang sangat permisif terhadap budaya modern tanpa berupaya memertahankan budayanya. Akibatnya banyak orang muda yang tidak mengenal budaya tradisi tersebut kemudian mengklaimnya sebagai budaya kuna dan sudah ketinggalan zaman. Sebaliknya mereka lebih menggandrungi budaya modern (baca: budaya barat) yang hanya dapat disentuh sebatas kulitnya saja. Realitas banyaknya tradi...